BREDYREDY SUNGGORO SUNDULLANGIT
*Kala sira kadhawuhan mijil Sira ora ngerti apa-apa njur Allah paring rakhmate iku wujud pangrungu paningal lan ati kang suci mula padha nyukurana ing paringan mau kanggo sangu nggonmu mlana lumaku ing alam kadonya puniki supaya nora sasar*

Kamis, Desember 08, 2011

Tembang Macapat

contoh contoh tembang macapat

“GAMBUH”

Samengko ingsun tutur,
Sembah catur setyo lumuntur,
Dhihin: Raga; Cipto; Jiwo; Roso; kaki
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon.

***
Sembah Raga puniku,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
Kang wus lumrah limang waktu,
Wantu wataking wewaton.

***
Ing nguni-uni durung,
Sinarawung wulang kang sinerung,
Lagi iki bangsa khas metokken anggit,
Mintokken kawignyanipun,
Sarengate elok-elok.

***
Thithik kaya santri Dul,
Gajeg kadi santri brahi kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Ewon wong kang padha nggugu,
Anggere padha nyalemong.

***
Kasusu arsa weruh,
CAHYANING HYANG kinira yen karuh,
Ngarep-arep kurup arsa den kurebi,
Tan weruh yen Urip iku,
Akale haliru enggon.

***
Yen ta jaman karuhun,
Tata titi tumrah tumaruntun,
Bangsa srengat tan winor lan laku batin,
Dadi nora duwe bingung,
Kang padha nembah Hyang Manon.

***
Lire sarengat iku,
Kena uga ingranan laku,
Dhihin ajeg kapindhone ataberi,
Pakolehe putraningsung,
Nyenyeger badan mrih kaot.

***
Wong seger badanipun,
Otot daging kulit balung sungsum,
Tumrah ing rah memarah antenging ati,
Angruwat ruweting batos,
Antenging ati nenungku.

***
Mangkono mungguh ingsun,
Ananging ta sarehne asnapun,
Bedha-bedha panduk panduking dumadi,
Sayekti nora jumbuh,
Tekad kang padha linakon.

***
Nanging ta paksa tutur,
Rehne tuwa tuwase mung catur,
Mbok lumuntur lantarane ring Utami,
Sing sapa temen tinemu,
Nugra ageming kaprabon.

***
Samengko sembah kalbu,
Yen lumintu uga dadi laku,
Laku Agung kang kagungan Narapati,
Patitis teteping kawruh,
Meruhi marang kang momong.

***
Sucine tanpa banyu,
Mung nyunyuda mring hardaning kalbu,
Pambukane tata titi ngati-ati,
Atetep telaten atul,
Tuladan marang waspaos.

***
Mring jatining pandulu,
Panduking ndon dadalan satuhu,
Lamun lugu legutaning reh maligi,
Lagehane tumalawung,
Wenganing alam kinahot.

***
Yen wus kambah kadyeku,
Sarat sareh saniskareng laku,
Kalakone saka eneng ening eling,
Ilanging rasa tumlawung,
Kono adiling Hyang Manon.

***
Gagare ngunggar kayun,
Tan kayungyun mring ayuning kayun,
Bangsa anggit yen ginigit ora dadi,
Marma den awas den emut,
Mring pamurunge lelakon.

***
Samengko kang tinutur,
Sembah katri kang sayekti katur,
Mring Hyang Suksma, Suksmaning sahari-hari,
Arahen dipun kecakup,
Sembahing JIWA sutengong.

***
Sayekti luwih prelu,
Ingaranan pepuntoning laku,
Kalakuwan kang tumrap bangsaning batin,
Sucining lan awas emut,
Mring alaming lama manot.

***
Ruktine ngangkah ngukut,
Ngiket ngruket Tri loka kakukut,
Jagad Agung ginulung lan Jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup,
Lan kalaping Alam kono.

***
Keleme mawa limut,
Kalamatan jroning alam kanyut,
Sanyatane iku kanyatahan kaki,
Sajatine yen tan emut,
Sayekti tan bisa amor.

***
Pamete saka luyut,
Sarwa sareh saliring panganyut,
Lamun yitna kayitnan kang miyatani,
Tarlen mung pribadinipun,
Kang katon tinonton ing kono.

***

Nging aywa slah surup,
Kono ana sajatining Hurup,
Yeku Hurup pangarep Uriping Budi,
Sumirat sirat narawung,
Kadya Kartika katongton.

“PUCUNG”

Ngelmu iku : kalakone kanthi laku,
Lekase lawan khas,
Tegese khas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.

***
Angkara gung; neng angga nagging gumulung,
Gegolonganira,
Tri loka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

***
Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun,
Semune ngaksama,
Sesamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi marta tama.

***
Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput,
Kereming karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing Suksma ngerda sahardi gengira.

***
Yeku patut; tinulat-ulat tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pra Mudha mundhi lapal makna.

***
Durung pecus; kasusu kaselak besus,
Amaknani lapal,
Kaya Sayid weton Mekkah,
Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma.

***
Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku,
Akale alangka,
Elok jamane den mohi,
Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah.

***
Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh,
Lumebeting angga,
Angger padha marsudi,
Kana kene kahanane apa beda.

***
Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu,
Yen kabul kabuka,
Ing drajat kajating urip,
Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata.

***
Basa ngelmu; mupakate lan panemu,
Pasahe lan Tapa,
Yen Satriya Tanah Jawa,
Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara.

***
Lila lamun; kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Saserik sameng dumadi,
Tri legowo nalangsa srah ing Bathara.

***
Bthara Gung; inguger graning jejantung,
Jenek Hyang Wisesa,
Sanapa senetan Suci,
Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara.

***
Nora wus; kareme anguwus-uwus,
Uwose tan ono,
Mung janjine muring-muring,
Kaya Buta buteng betah nganiaya.

***
Sakeh luput; ing angga tansah linimput,
Linimpeting sabda,
Narka tan ana udani,
Lumuh ala hardane ginawe gada.

***
Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

Mijil

Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Sinom

Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Kinanthi

Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Dhandanggula

Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Asmaradana

Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh

Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Maskumambang

Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Durma

Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh

Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Mijil

Dawaning awan, sepining wengi
Ning ati mung loro
Amung ana awakku lan kowe
Kabeh ngiwiti cerita iki
Ning ja nganti lali
Pituture wong tuwa

Maskumambang

Wis suwi aku nunggu kowe ra tangi
Agawe kuciwa
Saiki kowe wis bali
Lan dadi penghuni surga

Kinanthi

Lagi dhek wingi ketemu
Wis ngrasa kangen ing ati
Masia kur sedhela
Nanging tetep ana arti
Ora pengen tak lalekna
Tetep ana njero ati

Sinom

Ja sepelekke nasehat
Kang bakalan migunani
Awit cilik teka tuwa
Ja mung dipendem ing ati
Ning tansah dilakoni
Bisa guna nggo uripmu
Kang bener turutana
Ja didelok sing nuturi
Ning jupuken paedahe ingkang guna

Asmaradana

Sepiku ing tengah wengi
Aku tansah kelingan
Saiki sing tak rasakne
Saya suwe saya cuwa
Aku kur basa pasrah
Kabeh rasamu nggo aku
Ora bisa tak rasakna

Durma

Ing kana–kene akeh mayit gumelethak
Kang mbela nagari
Nggo ngusir penjajah
Lara ra sepiroa
Nganthi tumeka ing pati
Bisa merdeka
Kang tujuan utami

Dhandhanggula

Sekolahku ing SMP siji
Aku manggon ing kelas songo A
Kadang resik, kadang reget
Thitik sing gelem manut
Bocahe rame lan kemlinthis
Agawe nesu sing mulang
Iku gambaran kelasku
Isik ngono keadaane saiiki
Ning aku tetep bangga

Gambuh

Nasihat lan pitutur
Kang bener terapna nggo uripmu
Kabeh eling–elingen ja nganthi lali
Aja lali pituturku
Merga sira isih enom

Pangkur

Ora wedhi nyawa ilang
Nggo mbales dendam kang ana ing ati
Gawe ora bisa turu
Sing terus kepikiran
Pinginku kuwi wis atos kaya watu
Pancen angel gawe sirna
Masia teka ing pati

Megatruh

Apa kedadeyan iki wis takdirku
Kelangan wong sing tak asih
Isik take ling kabeh janjimu
Agawe lara ing ati
Merga kowe saya adoh

Pucung

Bapak pucung biasane saka kayu
Awujudmu kothak
Iku kanggo adah klambi
Biasane si pucung ana ing kamar